-
Wilangan 16:39, 40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Mula, Imam Èléazar njupuki wadhah-wadhah bara saka tembaga duwèké wong-wong sing diobong mau. Wadhah bara kuwi dibentuk nganggo palu dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah, 40 kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa. Kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl nèk ora ana wong sing éntuk nyedhak kanggo ngobong dupa ing ngarepé Yéhuwah+ sakliyané keturunané Harun, lan ora ana sing éntuk niru Korah lan para pendukungé.+
-
-
Wilangan 18:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Kowé lan anak-anakmu lanang kudu nindakké tugas-tugasé imam sing ana hubungané karo mézbah lan Ruang Mahasuci.*+ Kowé lan anak-anakmu lanang sing kudu nindakké tugas kuwi.+ Aku wis mènèhké tugas kuwi dadi kehormatan kanggo kowé lan anak-anakmu lanang. Wong sing dudu imam* sing mara nyedhaki panggonan suci kudu dipatèni.”+
-