-
2 Para Raja 16:5, 6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Wektu kuwi, Rézin raja Siria lan Pékah anaké Rémalia raja Israèl teka kanggo perang nglawan Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi ngepung Ahaz, ning ora isa ngrebut kutha kuwi. 6 Rézin raja Siria mbalèkké manèh Élat+ marang Édom, terus dhèwèké ngusir wong Yahudi* saka Élat. Bar kuwi, wong Édom padha mlebu menyang Élat lan manggon ing kana nganti saiki.
-
-
2 Babad 24:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Senajan pasukan Siria sing nyerbu kuwi sithik, Yéhuwah nyerahké pasukan Yéhuda sing akèh banget+ marang pasukan Siria merga penduduk Yéhuda ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé. Ya ngono kuwi wong Siria ngukum Yéhoas.
-