-
1 Babad 23:27-30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Kaya préntahé Daud sing terakhir, wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah ya diétung. 28 Tugasé wong-wong kuwi yaiku mbantu anak-anaké lanang Harun+ nglayani ing omahé Yéhuwah, ngawasi halaman-halaman,+ ruang-ruang makan, nyucèkké kabèh peralatan suci, lan gawéan-gawéan liyané sing dibutuhké kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener. 29 Wong-wong kuwi ya mbantu ngurusi roti persembahan,*+ tepung alus kanggo persembahan biji-bijian, roti tipis tanpa ragi,+ roti sing digawé nganggo wajan datar, adonan campuran,+ lan kabèh takeran lan ukurané. 30 Saben ésuk+ lan bengi,+ wong-wong kuwi ngucap syukur lan muji Yéhuwah.
-