-
1 Para Raja 7:40-46Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
40 Hiram+ ya nggawé bak-bak liyané, sekop-sekop,+ lan mangkok-mangkok.+ Hiram ngrampungké kabèh gawéan sing ditindakké kanggo Raja Salomo ing omahé Yéhuwah,+ yaiku 41 cagak loro+ lan kepala-kepala cagak sing bentuké kaya mangkok, jaring loro+ kanggo hiasan kepala cagak loro kuwi, 42 delima 400+ kanggo jaring loro sing dienggo hiasan kepala cagak loro mau, yaiku rong baris delima ing saben jaring, 43 grobag sepuluh+ lan bak sepuluh+ sing ana ing grobag kuwi, 44 Laut+ lan patung sapi lanang 12 sing ana ing ngisoré Laut, 45 wadhah awu, sekop, mangkok, lan kabèh peralatan saka tembaga sing mengkilap, sing digawé Hiram kanggo Raja Salomo kanggo omahé Yéhuwah. 46 Raja ngongkon bèn kabèh kuwi digawé ing cétakan saka tanah liat ing dhaérah Yordan, antarané Sukot lan Zarétan.
-