-
Ézra 4:23, 24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Sakwisé salinan surat resmi saka Raja Artahsasta kuwi diwacakké marang Réhum, penulis sing jenengé Syimsyai lan kanca-kancané, wong-wong kuwi cepet-cepet lunga menyang Yérusalèm marani wong Yahudi lan meksa bèn wong Yahudi padha mandheg kerja. 24 Mulai wektu kuwi, pembangunan omahé Gusti Allah ing Yérusalèm mandheg. Pembangunan kuwi ora dilanjutké nganti taun keloro pamréntahané Darius raja Pèrsia.+
-