-
Pangentasan 30:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Harun lan anak-anaké kudu wisuh tangan lan sikil ing kono.+ 20 Pas mlebu kémah pertemuan utawa nyedhaki mézbah kanggo nindakké tugasé utawa kanggo mènèhi persembahan bakaran marang Yéhuwah, Harun lan anak-anaké kudu wisuh bèn ora mati.
-
-
Kaimaman 22:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Kowé kudu kandha marang Harun lan anak-anaké lanang bèn padha ngati-ati ngurus perkara-perkara suci+ sing wis disucèkké wong Israèl lan sing wis diwènèhké dadi persembahan kanggo Aku. Aja nganti Harun lan anak-anaké lanang nggawé najis jeneng-Ku sing suci.+ Aku iki Yéhuwah. 3 Kandhanana wong-wong kuwi, ’Nganti sakterusé, nèk ana keturunanmu sing lagi najis sing mara nyedhaki perkara-perkara suci sing wis disucèkké wong Israèl kanggo Yéhuwah, wong kuwi kudu dipatèni.*+ Aku iki Yéhuwah.
-