14 Para pemimpin Yahudi terus mbangun, lan gawéan kuwi saya maju.+ Wong-wong kuwi disemangati karo ramalané Nabi Hagai+ lan Nabi Zakharia+ putuné Ido. Wong-wong kuwi ngrampungké pembangunan kuwi sesuai karo préntahé Gusti Allahé Israèl,+ Korès,+ Darius,+ lan Artahsasta+ raja Pèrsia.
2Ing sasi Nisan,* ing taun ke-20+ pamréntahané Raja Artahsasta,+ minuman anggur disiapké ing ngarepé Raja. Kaya biasané, aku njupuk minuman anggur kuwi, terus tak wènèhké marang Raja.+ Sakdurungé kuwi, aku ora tau kétok sedhih ing ngarepé Raja.