9 Yéhuwah tenanan ndelok kabèh wong ing bumi+ bèn isa nduduhké kekuwatané marang* wong-wong sing ngabdi saktulusé ati.+ Tumindakmu kuwi salah. Mulai saiki kowé bakal perang terus.+
6 Ézra teka saka Babilon. Dhèwèké kuwi penyalin* sing ahli banget soal* Hukum Musa+ sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Raja mènèhi kabèh sing dijaluk Ézra, merga Yéhuwah mbantu Ézra.
28 Gusti Allah wis nduduhké katresnan sing langgeng* marang aku ing ngarepé Raja,+ para penaséhaté,+ lan para pejabaté. Mula, aku ngupaya bèn kendel merga Yéhuwah Gusti Allahku ndhukung aku. Terus, aku ngejak para pemimpin Israèl lunga bareng aku.
6 Terus dhèwèké kandha, ”Iki kandhané Yéhuwah marang Zérubabèl: ’Aku, Yéhuwah pemimpiné pasukan kandha, ”Kabèh iki bakal kelakon dudu nganggo kekuwatan militèr utawa kekuwatané manungsa,+ ning nganggo kuwasa-Ku.”+