-
Néhémia 10:28-30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Wong-wong liyané sing mèlu perjanjian kuwi, yaiku para imam, wong Lèwi, para penjaga gerbang, para penyanyi, para pelayan bait,* lan kabèh wong sing wis misah saka rakyat tanah kuwi lan nindakké Hukumé Gusti Allah sing bener,+ bareng karo bojo lan anak-anaké, lan kabèh sing nduwé pengetahuan lan pemahaman* 29 padha nggabung karo sedulur-seduluré, yaiku wong-wong penting ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi padha janji* arep nindakké Hukumé Gusti Allah sing bener sing diwènèhké liwat Musa abdiné Gusti Allah sing bener lan arep tenanan nindakké kabèh préntah, ketetapan, lan peraturan saka Yéhuwah Gustiné awaké dhéwé. 30 Aku kabèh ora bakal nikahké anak-anakku wédok karo wong-wong ing tanah kuwi, lan aku kabèh ora bakal nikahké anak-anakku lanang karo anak-anaké wédok.+
-