-
Ézra 9:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Sakwisé kabèh kuwi kelakon, para pemimpin marani aku lan kandha, ”Wong Israèl, para imam, lan wong Lèwi ora ngedohi bangsa-bangsa ing sekitar kéné lan kebiasaané sing njijiki,+ yaiku bangsa Kanaan, Hèt, Pèriz, Yébus, Ammon, Moab, Mesir,+ lan Amori.+ 2 Wong Israèl nikah karo anaké wédok bangsa-bangsa kuwi lan nikahké anak-anaké lanang karo anak-anaké wédok wong-wong saka bangsa kuwi.+ Bangsa* sing suci iki+ wis kecampur karo bangsa-bangsa liya.+ Malah, para pemimpin lan pejabaté sing mulai nglakoni dosa kuwi.”
-
-
Maléakhi 2:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Tugasé para imam kuwi kuduné mulangké pengetahuan* soal Gusti Allah marang wong-wong. Kuduné wong-wong njaluk petunjuk soal hukum marang dhèwèké*+ merga dhèwèké kuwi utusané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
8 ”Ning kowé dhéwé wis nyimpang, lan kowé nyebabké akèh wong gagal nindakké hukum.+ Kowé wis nglanggar perjanjian-Ku karo Lèwi,”+ kandhané Yéhuwah pemimpiné pasukan.
-