-
Néhémia 6:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Terus, aku mlebu ing omahé Syémaya anaké Délaya anaké Méhétabèl wektu dhèwèké ora isa metu saka omahé. Dhèwèké kandha, ”Ayo awaké dhéwé nentokké wektu kanggo ketemuan ing omahé Gusti Allah sing bener. Awaké dhéwé bakal mlebu ing njero bait, terus nutup lawang-lawangé. Wong-wong kuwi bakal teka lan matèni kowé pas bengi.” 11 Ning aku njawab, ”Mosok wong kaya aku iki arep mlayu? Apa wong kaya aku iki isa mlebu ing bait lan tetep urip?+ Aku ora bakal mlebu!” 12 Terus, aku sadhar nèk Gusti Allah ora ngutus nabi iki, ning Tobia lan Sanbalat+ wis mbayar dhèwèké bèn isa ngapusi aku.
-