-
Pangentasan 2:23-25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, raja Mesir mati.+ Ning, wong Israèl terus sambat merga didadèkké budhak. Wong-wong kuwi terus njaluk tulung marang Gusti Allah sing bener merga didadèkké budhak.+ 24 Akhiré, Gusti Allah ngrungokké wektu wong Israèl padha sambat.+ Gusti Allah ora lali marang perjanjiané karo Abraham, Ishak, lan Yakub.+ 25 Mula, Gusti Allah nggatèkké lan ndelok kesusahané wong Israèl.
-
-
Pangentasan 3:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah kandha manèh, ”Aku wis ndelok kesusahané umat-Ku sing ana ing Mesir, lan Aku wis ngrungokké wong-wong kuwi sambat merga dikongkon kerja paksa. Aku ngerti banget kesusahané wong-wong kuwi.+
-