-
Pangentasan 16:29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Aja lali nèk Aku, Yéhuwah, wis mènèhi kowé dina Sabat.+ Kuwi sebabé, ing dina keenem, Aku mènèhi kowé roti kanggo dipangan rong dina. Ing dina kepitu, kabèh wong kudu tetep ana ing omahé lan ora éntuk lunga-lunga.”
-
-
Pangentasan 20:8-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 ”Aja lali ngrayakké dina Sabat bèn kuwi tetep suci.+ 9 Kowé éntuk kerja enem dina,+ 10 tapi ing dina kepitu kowé ora éntuk kerja merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Anakmu lanang, anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, ternakmu, lan wong asing sing manggon ing kuthamu* ya ora éntuk kerja.+ 11 Enem dina Yéhuwah nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné, lan ing dina kepitu Dhèwèké istirahat.+ Kuwi sebabé Yéhuwah mberkahi dina Sabat lan nggawé kuwi suci.
-
-
Pangandharing Torèt 5:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”’Aja lali ngrayakké dina Sabat bèn kuwi tetep suci kaya sing dipréntahké Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 13 Kowé éntuk kerja nem dina,+ 14 tapi ing dina kepitu kowé ora éntuk kerja merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu.+ Anakmu lanang, anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, sapimu, keledaimu, ternakmu, lan wong asing sing manggon ing kuthamu*+ ya ora éntuk kerja,+ bèn budhakmu lanang lan wédok isa lèrèn kaya kowé.+
-