-
2 Babad 36:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.
-
-
Yésaya 42:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Sapa sing meneng waé pas Yakub dijarah
Lan pas Israèl dirampok?
Kuwi Yéhuwah, merga wong-wong kuwi wis nindakké dosa marang Dhèwèké.
-
-
Yérémia 40:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, kepala pengawal kuwi nggawa Yérémia minggir lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahmu wis ngramalké nèk panggonan iki bakal kena bencana. 3 Yéhuwah ya wis nggawé kuwi kelakon kaya sing Dhèwèké omongké, merga bangsamu wis dosa marang Yéhuwah lan ora manut omongané. Kuwi sebabé kowé kabèh ngalami iki.+
-