-
Néhémia 10:37, 38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
37 Sakliyané kuwi, tepung pertama*+ saka hasil panènku sing pertama, sumbanganku, kabèh jenis buah,+ anggur anyar, lan minyak+ bakal tak gawa marang para imam ing gudhang-gudhang ing omahé Gusti Allahku.+ Sepersepuluh saka hasil tanahku ya bakal tak gawa marang wong Lèwi,+ merga wong Lèwi kuwi sing bakal nampa sepersepuluh ing kabèh kutha pertanianku.
38 Para imam keturunané Harun kudu ana bareng karo wong Lèwi pas wong Lèwi nglumpukké sepersepuluhan mau. Wong Lèwi kudu nggawa sepersepuluh saka sepersepuluhan kuwi menyang omahé Gusti Allahku,+ menyang ruang-ruang* ing gudhang.
-