-
Wilangan 25:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”Pinéhas+ anaké Èléazar anaké Imam Harun kuwi wis nggawé Aku ora nesu manèh karo wong Israèl, merga dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Aku.+ Kuwi sebabé Aku ora numpes wong Israèl, senajan Aku péngin bèn wong-wong mung nyembah Aku thok.+ 12 Mula, kandhanana Pinéhas nèk Aku bakal nggawé perjanjian damai karo dhèwèké. 13 Merga perjanjian kuwi, dhèwèké lan keturunané bakal dadi imam sakterusé.+ Dhèwèké ora meneng waé wektu ana sing ora setya marang Gusti Allahé+ lan dhèwèké wis nggawé dosané wong Israèl diapura.’”
-