-
Èster 8:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Mula ing dina ke-23, sasi ke-3, yaiku sasi Siwan,* para sekretarisé Raja padha diundang. Wong-wong kuwi nulis kabèh préntahé Mordekai kanggo wong Yahudi, para wakilé raja,+ para gubernur, lan para pejabat sing ana ing provinsi+ saka India nganti tekan Étiopia, yaiku 127 provinsi. Saben provinsi nampa surat ing tulisané* dhéwé-dhéwé, lan saben bangsa ing basané dhéwé-dhéwé. Wong Yahudi ya nampa surat ing tulisan* lan ing basané dhéwé.
-