PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Èster 3:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Surat-surat kuwi dikirim liwat para utusan menyang kabèh provinsi kerajaan. Isiné yaiku préntah nèk ing dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,+ kabèh wong Yahudi embuh kuwi sing tuwa utawa sing enom, bocah-bocah utawa wong wédok, kudu disingkirké ing wektu sedina lan dijarah kabèh hartané.+

  • Èster 9:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,*+ kuwi dina sing ditentokké kanggo nindakké préntah lan hukumé Raja.+ Ing dina kuwi, mungsuh-mungsuhé wong Yahudi wis ngarep-arep bakal ngalahké wong Yahudi. Ning wong-wong mau malah dikalahké wong Yahudi.+ 2 Ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros,+ wong Yahudi padha nglumpuk ing kutha-kuthané kanggo nglawan wong-wong sing arep nyilakani wong Yahudi. Kabèh bangsa padha wedi karo wong Yahudi, mula ora ana sing isa ngadhepi.+

  • Èster 9:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Wong Yahudi liyané sing ana ing provinsi sing dipréntah Raja ya padha nglumpuk lan nglawan wektu diserang.+ Wong-wong kuwi nyingkirké mungsuh-mungsuhé,+ matèni 75.000 wong, ning ora njarah apa-apa. 17 Kuwi kelakon ing dina ke-13 sasi Adar. Ing dina ke-14, wong-wong kuwi padha lèrèn lan ndadèkké dina kuwi dina kanggo pésta lan seneng-seneng.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim