-
Èster 9:1, 2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Dina ke-13 sasi ke-12, yaiku sasi Adar,*+ kuwi dina sing ditentokké kanggo nindakké préntah lan hukumé Raja.+ Ing dina kuwi, mungsuh-mungsuhé wong Yahudi wis ngarep-arep bakal ngalahké wong Yahudi. Ning wong-wong mau malah dikalahké wong Yahudi.+ 2 Ing kabèh provinsi sing dipréntah Raja Ahaswéros,+ wong Yahudi padha nglumpuk ing kutha-kuthané kanggo nglawan wong-wong sing arep nyilakani wong Yahudi. Kabèh bangsa padha wedi karo wong Yahudi, mula ora ana sing isa ngadhepi.+
-