-
Èster 3:8-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus Haman kandha marang Raja Ahaswéros, ”Ana bangsa sing kesebar lan mencar ing antarané bangsa-bangsa liya+ ing kabèh provinsi ing dhaérah kerajaané njenengan.+ Hukumé béda karo kabèh bangsa liyané, lan wong-wong kuwi ora manut karo hukumé Raja. Nèk wong-wong kuwi diejarké waé, njenengan bakal rugi. 9 Nèk njenengan setuju, nggawéa surat keputusan sing isiné wong-wong kuwi kudu disingkirké. Aku bakal mbayar para pejabat 10.000 talènta* pérak bèn dilebokké ing kas kerajaan.”*
10 Raja langsung nyopot cincin cap+ saka tangané lan mènèhké kuwi marang Haman+ anaké Hamédata wong Agag,+ mungsuhé wong Yahudi. 11 Raja kandha marang Haman, ”Bangsa kuwi lan kabèh péraké tak pasrahké kowé, tumindaka sak karepmu.”
-