6 Èlihu anaké Barakhèl wong Buz kuwi ngomong,
”Aku isih enom,
Lan njenengan kabèh wis tuwa.+
Merga ngajèni njenengan, aku ora ngomong dhisik.+
Aku ora wani ngomongké sing tak ngertèni.
7 Aku mikir, ’Bèn sing tuwa sing ngomong dhisik,
Bèn sing akèh umuré sing ngomongké soal kawicaksanan.’