3 Yéhuwah kandha karo Sétan, ”Apa kowé nggatèkké Ayub abdi-Ku? Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi. Dhèwèké bener lan setya.+ Dhèwèké wedi marang Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat. Dhèwèké tetep setya+ senajan kowé wis meksa Aku bèn nggawé dhèwèké+ sengsara tanpa alesan.”