PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ayub 5:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Dhèwèké mènèhi udan ing bumi

      Lan nyirami ladhang-ladhang.

  • Ayub 26:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Dhèwèké ngisi méga nganggo banyu,+

      Ning, méga kuwi ora pecah merga kabotan banyu.

  • Ayub 37:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Angin saka* Gusti Allah nggawé banyu dadi ès,+

      Lan permukaané banyu dadi beku.+

  • Mazmur 135:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Dhèwèké nggawé méga* munggah saka ujung-ujung bumi.

      Dhèwèké nggawé kilat wektu ana* udan.

      Dhèwèké ngetokké angin saka panggonané.+

  • Wulang Bebasan 30:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  4 Apa kowé ngerti, sapa sing wis tau munggah swarga lan mudhun saka kono?+

      Sapa sing tau nggegem angin nganggo tangané?

      Sapa sing tau mbungkus banyu nganggo klambiné?+

      Sapa sing nentokké* ujung-ujungé bumi?+

      Sapa jenengé? Sapa jenengé anaké lanang?

  • Yésaya 40:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Apa ana sing isa ndèlèhké kabèh banyu laut ing tangané?+

      Apa ana sing isa ngukur langit nganggo tlapak tangané?

      Apa ana sing isa ngumpulké kabèh lemah sing ana ing bumi+ lan ndèlèhké lemah kuwi ing wadhah?

      Apa ana sing isa nimbang gunung lan bukit

      Nganggo timbangan?

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim