PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 20:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 ”Aja nggunakké jenengé Yéhuwah Gusti Allahmu nganggo cara sing ora bener,+ merga Yéhuwah mesthi ngukum wong sing nggunakké jenengé nganggo cara sing ora bener.+

  • Ayub 4:18-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Gusti Allah ora percaya karo para abdiné,

      Lan Dhèwèké nggolèki kesalahané para malaékaté.*

      19 Apa manèh wong-wong sing digawé saka tanah liat,

      Sing digawé saka debu,*+

      Sing gampang diremuk kaya serangga.*

      20 Pas ésuk wong-wong kuwi isih urip, ning pas bengi wong-wong kuwi wis mati.

      Wong-wong kuwi ora ana nganti saklawasé lan ora ana sing ngerti.

  • Ayub 22:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 ”Apa manungsa ana gunané kanggo Gusti Allah?

      Apa wong sing nduwé pemahaman ana gunané kanggo Dhèwèké?+

       3 Nèk kowé nindakké sing bener, apa Sing Mahakuwasa bakal seneng?*

      Apa manfaaté kanggo Dhèwèké nèk kowé tetep setya?+

  • Ayub 25:5, 6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  5 Malah bulan waé ora dianggep padhang karo Dhèwèké,

      Lan bintang ya ora padhang kanggoné Dhèwèké.

       6 Apa manèh manungsa, sing mung kaya sèt,

      Lan anaké manungsa, sing kaya cacing.”

  • Ayub 42:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Saiki, kowé kudu njupuk sapi lanang pitu lan domba lanang pitu. Terus, kowé kudu marani Ayub abdi-Ku, lan kowé kudu mènèhké korban bakaran kanggo dosamu lan dosané kancamu loro kuwi. Terus, Ayub abdi-Ku bakal ndongakké kowé.+ Aku mesthi bakal ngrungokké sing dijaluk* Ayub, yaiku bèn Aku ora ngukum kowé merga kowé bodho banget lan wis ngomong sing ora bener soal Aku, ora kaya Ayub abdi-Ku.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim