-
Mazmur 102:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Mbiyèn Njenengan nggawé pondhasi bumi,
Lan Njenengan sing nyiptakké langit.+
26 Kabèh kuwi bakal ora ana manèh, tapi Njenengan bakal tetep ana.
Kabèh kuwi kaya klambi sing rusak.
Kuwi kaya klambi sing bakal mbok ganti, lan kuwi ora bakal ana manèh.
27 Ning, Njenengan ora tau berubah, lan urip-Mu ora ana akhiré.+
-
-
Ibrani 1:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Terus, ana ayat sing kandha, ”Gusti, awalé Njenengan nggawé pondhasi bumi, lan Njenengan sing nyiptakké langit. 11 Kabèh kuwi bakal ora ana manèh, tapi Njenengan bakal tetep ana. Kabèh kuwi kaya klambi sing rusak. 12 Njenengan bakal nglempit bumi lan langit kaya nglempit jubah, lan kuwi kabèh bakal diganti kaya klambi. Ning, Njenengan ora tau berubah, lan uripmu ora ana akhiré.”+
-