PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 1 Para Raja 18:45
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 45 Langité saya peteng lan ketutup méga, anginé banter, terus udan deres.+ Ahab neruské perjalanané menyang Yizréèl+ numpak kréta.

  • Ayub 36:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Apa ana sing ngerti piyé méga-méga isa nyebar,

      Lan piyé isa ana bledhèg saka langit?*+

  • Ayub 36:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 Dhèwèké nggunakké kabèh kuwi kanggo ngopèni* manungsa.

      Dhèwèké mènèhi manungsa pangan sing akèh banget.+

  • Ayub 38:25-27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Sapa sing mbukak saluran banyu sing ana ing langit bèn ana udan deres,

      Lan sapa sing nggawé dalan kanggo bledhèg lan kilat,+

      26 Bèn isa mènèhi udan ing panggonan sing ora ana wongé

      Lan ing padhang belantara sing ora ana wongé,+

      27 Bèn isa nyirami lemah sing gersang

      Lan bèn suket isa thukul?+

  • Yakobus 5:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Èlia kuwi wong sing nduwé perasaan kaya awaké dhéwé. Wektu dhèwèké ndonga tenanan bèn ora udan, ora ana udan ing negara kuwi nganti telung taun setengah.+ 18 Terus, dhèwèké ndonga manèh. Sakwisé kuwi, ana udan lan lemah ngetokké hasil.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim