-
Ayub 2:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Sakwisé kuwi, kaya biasané, para malaékat*+ padha ngadhep Yéhuwah,+ lan Sétan ya ngadhep Yéhuwah.+
2 Yéhuwah takon karo Sétan, ”Kowé saka ngendi?” Sétan njawab Yéhuwah, ”Aku bar mlaku-mlaku lan ngubengi bumi.”+ 3 Yéhuwah kandha karo Sétan, ”Apa kowé nggatèkké Ayub abdi-Ku? Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi. Dhèwèké bener lan setya.*+ Dhèwèké wedi marang* Gusti Allah lan ora gelem tumindak jahat. Dhèwèké tetep setya+ senajan kowé wis meksa Aku bèn nggawé dhèwèké+ sengsara tanpa alesan.”
-