-
Purwaning Dumadi 4:9, 10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Terus, Yéhuwah kandha marang Kain, ”Habèl adhimu ing endi?” Kain njawab, ”Aku ora ngerti. Apa aku iki penjagané adhiku?” 10 Gusti Allah kandha, ”Ngapa kowé matèni adhimu? Rungokna. Saka lemah, getihé adhimu mbengok marang Aku.+
-
-
2 Para Raja 9:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus, Yéhu njupuk panahé lan manah gegeré Yéhoram. Panahé nembus jantungé Yéhoram, terus Yéhoram mati ing krétané.
-
-
Lukas 11:49-51Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
49 Kuwi sebabé Gusti Allah sing wicaksana kandha, ’Aku bakal ngutus nabi-nabi lan rasul-rasul marani wong-wong kuwi, ning ana sing bakal dipatèni lan dianiaya. 50 Mula, wong-wong jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé kabèh nabi sing dipatèni kèt permulaané donya,*+ 51 mulai saka getihé Habèl+ nganti getihé Zakharia, yaiku wong sing mbok patèni ing ngarep bait ing cedhak mézbah.’+ Kowé tak kandhani, wong-wong ing jaman iki* bakal tanggung jawab kanggo getihé wong-wong kuwi.
-