-
Yosua 13:29-31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Terus, Musa mènèhké tanah warisan marang setengahé suku Manasyé nurut keluargané suku Manasyé.+ 30 Wilayahé kuwi saka Mahanaim+ termasuk kabèh dhaérah Basyan, yaiku kabèh wilayah kerajaané Raja Og saka Basyan, lan kabèh kampung perkémahan Yair+ ing Basyan. Wilayahé setengah suku Manasyé kuwi ana 60 kutha. 31 Setengahé Giléad lan Astarot karo Édréi,+ kutha-kutha ing wilayah kerajaané Raja Og saka Basyan diwènèhké marang keturunané Makhir+ anaké Manasyé, yaiku marang setengah keturunané Makhir nurut keluargané.
-