-
Yérémia 17:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Iki sing diomongké Yéhuwah marang aku: ”Ngadega ing gerbang utama sing dienggo mlebu metu raja-raja Yéhuda. Bar kuwi, ngadega ing kabèh gerbang liyané ing Yérusalèm.+ 20 Ngomonga marang wong-wong kuwi, ’Hé kowé para raja Yéhuda, kabèh wong Yéhuda, lan kabèh penduduk Yérusalèm, sing mlebu metu liwat gerbang-gerbang iki, padha rungokna omongané Yéhuwah.
-