PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ayub 34:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Gusti Allah mbales manungsa sesuai karo tumindaké+

      Lan nggawé manungsa ngrasakké akibat saka kelakuané.

  • Wulang Bebasan 24:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Ning, nèk kowé ngomong, ”Aku ora ngerti apa-apa soal kuwi,”

      Apa Dhèwèké sing ngerti isi atiné* manungsa ora isa ngerti pikiranmu?+

      Dhèwèké sing ngamati kowé bakal ngerti sing mbok pikirké

      Lan bakal mbales saben manungsa manut karo tumindaké dhéwé-dhéwé.+

  • Roma 2:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Gusti Allah bakal mbales saben wong sesuai karo tumindaké wong kuwi.+

  • 2 Korintus 5:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Awaké dhéwé kabèh bakal diadili karo* Kristus. Saben wong bakal diadili sesuai karo tumindaké sing dilakoni wektu isih nganggo badan manungsa, embuh kuwi apik utawa èlèk.+

  • Galatia 6:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 7 Aja ngapusi awakmu dhéwé.* Gusti Allah ora isa diapusi. Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.+

  • 2 Timotius 4:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Alèksander tukang tembaga kuwi nggawé aku sengsara banget. Yéhuwah* bakal mbales dhèwèké sesuai karo tumindaké.+

  • Wahyu 20:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Terus, aku ndelok wong-wong mati, yaiku wong biasa lan wong penting, ngadeg ing ngarepé takhta kuwi, lan gulungan-gulungan dibukak. Ning ana gulungan liya sing dibukak, yaiku gulungan kehidupan.+ Wong-wong mati kuwi diadili sesuai karo apa sing ditulis ing gulungan kuwi, nurut tumindaké wong-wong kuwi.+ 13 Laut nyerahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Kematian lan Kuburan* ya nyerahké wong-wong mati sing ana ing njeroné. Saben wong bakal diadili nurut tumindaké dhéwé-dhéwé.+

  • Wahyu 22:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”’Aku bakal ndang teka. Aku nggawa upah kanggo mbales saben wong sesuai karo tumindaké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim