23 Dhèwèké bakal nggawé benih sing mbok tandur kena udan,+ lan lemah bakal ngetokké hasil panèn sing akèh banget.*+ Wektu kuwi, ternakmu bakal mangan ing padhang rumput sing jembar.+
27 Wit ing ladhang bakal ngetokké buah, lan lemah bakal ngetokké hasilé.+ Domba-domba-Ku bakal manggon aman ing tanah kuwi. Pas Aku mbébaské saka perbudakan*+ lan nylametké saka wong-wong sing nindhes, domba-domba-Ku bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.