-
1 Para Raja 19:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Dhèwèké njawab, ”Nganti saiki, aku semangat banget nglayani Yéhuwah, Gusti Allah pemimpiné pasukan.+ Wong Israèl wis ninggalké perjanjian-Mu.+ Wong-wong kuwi wis ngrubuhké mézbah-mézbah-Mu lan matèni nabi-nabi-Mu nganggo pedhang,+ mung gari aku sing isih urip. Saiki, wong-wong kuwi péngin matèni aku.”+
-
-
Mazmur 119:139Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
139 Semangatku kanggo ngabdi kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku,+
Merga aku ndelok mungsuh-mungsuhku ngrèmèhké omongan-Mu.
-
-
Matius 21:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Yésus mlebu bait lan ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk wong sing lagi tuku. Yésus njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan kursi-kursiné wong sing dodolan manuk dara.+ 13 Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kitab Suci kandha, ’Omah-Ku bakal disebut omah kanggo ndonga,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+
-
-
Markus 11:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Yésus lan murid-muridé tekan ing Yérusalèm. Ing kana, Yésus mlebu bait lan mulai ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk wong sing lagi tuku. Yésus njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit lan kursi-kursiné wong sing dodolan manuk dara.+ 16 Yésus ya nglarang sapa waé nggunakké bait dadi dalan pintas kanggo nggawa barang. 17 Yésus mulang wong-wong lan ngomong, ”Apa kowé ora ngerti sing wis ditulis ing Kitab Suci? ’Omah-Ku bakal disebut omah sing dienggo ndonga kabèh bangsa,’+ ning malah mbok dadèkké guwané para perampok.”+
-
-
Yohanes 2:13-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Wektu kuwi, wong Yahudi wis arep ngrayakké Paskah,+ lan Yésus lunga ing Yérusalèm. 14 Ing bait, Yésus ndelok ana wong-wong sing dodolan sapi, domba, lan manuk dara.+ Para tukang ngijoli dhuwit ya lungguh ing kono. 15 Sakwisé nggawé pecut saka tali, Yésus ngusir kabèh wong sing dodolan ing bait, termasuk kabèh domba lan sapiné. Dhuwit rècèhé tukang ngijoli dhuwit ya disebar, lan méja-méjané dijungkirké.+ 16 Yésus ngomong karo wong-wong sing dodolan manuk dara, ”Gawanen lunga kabèh iki saka kéné. Omahé Bapakku aja mbok dadèkké pasar.”+ 17 Pas ndelok kuwi, murid-muridé dadi kèlingan ayat sing kandha, ”Semangatku kanggo ngabdi ing omah-Mu kuwi kaya geni sing murub ing njero awakku.”+
-