-
Mazmur 40:13-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Oh Yéhuwah, tulung slametna aku.+
Oh Yéhuwah, cepet tulungana aku.+
14 Muga-muga kabèh wong sing péngin matèni aku
Digawé isin lan dirèmèhké.
Muga-muga wong sing seneng nèk aku susah
Padha mlayu lan direndhahké.
15 Muga-muga wong sing ngécé aku
Padha kagèt lan isin.
Muga-muga wong sing berharap mbok slametké terus-terusan kandha,
”Muga-muga Yéhuwah diluhurké.”+
17 Muga-muga Yéhuwah nggatèkké aku
Merga aku mlarat lan susah.
Njenengan kuwi sing nulungi lan sing nylametké aku.+
Oh Gusti Allahku, cepet tulungi aku.+
-