17 Ahitofèl kandha marang Absalom, ”Tulung aku éntuk milih 12.000 prajurit bèn isa ngoyak Daud bengi iki. 2 Aku bakal marani dhèwèké pas dhèwèké kekeselen.+ Dhèwèké bakal tak gawé bingung. Terus, kabèh wong sing ana karo dhèwèké bakal mlayu, lan mung Raja sing bakal tak patèni.+