PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 23:31
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 31 ”Aku bakal nggawé batas-batasé tanahmu. Batas-batasé yaiku saka Laut Merah nganti Laut Tengah,*+ lan saka padhang belantara nganti Kali Éfrat. Aku bakal mbantu kowé ngalahké bangsa-bangsa kuwi, lan kowé bakal ngusir bangsa-bangsa kuwi.+

  • 1 Para Raja 4:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Salomo mréntah kabèh kerajaan mulai saka Kali Éfrat+ tekan tanahé wong Filistin lan nganti perbatasan Mesir. Kabèh kerajaan kuwi mènèhi hadiah marang Salomo lan nglayani Salomo saksuwéné uripé.+

  • Mazmur 2:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Njaluka karo Aku, lan Aku bakal mènèhké bangsa-bangsa dadi warisanmu

      Lan bumi iki dadi duwèkmu.+

  • Mazmur 22:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Kabèh wong ing bumi bakal éling karo Yéhuwah lan bali marang Dhèwèké.

      Kabèh suku bangsa bakal sujud ing ngarepé,+

      28 Merga Yéhuwah kuwi raja.+

      Dhèwèké mréntah kabèh bangsa.

  • Danièl 2:35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 35 Wesi, tanah liat, tembaga, pérak, lan emas kuwi remuk kabèh lan dadi kaya kulit biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian ing musim panas. Kulit biji-bijian kuwi kabur kena angin nganti ora ana bekasé blas. Tapi, watu sing ngancurké patung kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.

  • Zakharia 9:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Aku bakal nyingkirké kréta perang saka Éfraim

      Lan jaran saka Yérusalèm.

      Busur perang bakal disingkirké.

      Lan Rajamu bakal ngumumké perdamaian marang bangsa-bangsa.+

      Dhèwèké bakal mréntah saka laut tekan laut liyané,

      Saka Kali Éfrat tekan ujung-ujung bumi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim