-
Mazmur 35:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Muga-muga wektu dioyak* malaékaté Yéhuwah,
Wong-wong kuwi ngliwati dalan sing peteng lan lunyu.
7 Tanpa alesan, wong-wong kuwi masang jaring kanggo njebak aku.
Tanpa alesan, wong-wong kuwi nggali lubang kanggo nyekel aku.
-
-
Yérémia 23:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”Nabi utawa imam wis padha murtad.*+
Malah ing omah-Ku dhéwé, Aku ndelok kejahatané wong-wong kuwi,”+ kandhané Yéhuwah.
12 ”Mula, dalané wong-wong kuwi bakal dadi lunyu lan peteng.+
Wong-wong kuwi bakal disurung lan tiba.
Aku bakal mènèhi bencana marang wong-wong kuwi
Ing taun wong-wong kuwi dihukum,” kandhané Yéhuwah.
-