PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ayub 21:19, 20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Gusti Allah bakal ngukum anak-anaké wong sing jahat merga kesalahané bapaké.

      Ning, muga-muga Gusti Allah ya ngukum wong jahat kuwi bèn dhèwèké ngerti kesalahané.+

      20 Muga-muga wong sing jahat ngrasakké dhéwé bencana sing dialami.

      Muga-muga dhèwèké ngrasakké dhéwé* nesuné Sing Mahakuwasa.+

  • Yérémia 25:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl marang aku: ”Jupuken gelas sing isiné anggur sing nglambangké rasa nesu-Ku iki. Terus, lungaa menyang bangsa ngendi waé kowé Tak utus, lan kongkonen bangsa-bangsa kuwi ngombé saka gelas iki.

  • Yérémia 25:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Nèk wong-wong kuwi ora gelem nampa lan ora gelem ngombé saka gelas sing mbok gawa, kandhaa marang wong-wong kuwi, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan: ”Kowé kudu ngombé iki.

  • Yérémia 49:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Bangsa-bangsa sing ora Tak kongkon ngombé saka gelas sing nglambangké rasa nesu-Ku waé padha ngombé kuwi, mosok kowé babar blas ora Tak hukum? Kowé mesthi bakal dihukum, lan kuwi kudu mbok ombé.”+

  • Wahyu 14:9, 10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Terus, malaékat ketelu teka lan ngomong nganggo swara banter, ”Wong sing nyembah kéwan buas kuwi+ lan patungé, lan wong sing nampa tandha ing bathuké utawa ing tangané+ 10 bakal ngombé anggur murni sing diesokké ing gelasé Gusti Allah sing nglambangké rasa nesuné.+ Wong-wong kuwi bakal dihukum nganggo geni lan belérang+ ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarepé Anak Domba.

  • Wahyu 16:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Kutha gedhé+ kuwi mbelah dadi telung bagéan, lan kutha-kutha ing kabèh negara dadi hancur. Terus, Gusti Allah bakal kèlingan karo Babilon Gedhé,+ yaiku kanggo ngongkon dhèwèké ngombé anggur saka gelas sing nglambangké rasa nesuné.+

  • Wahyu 18:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Balesen dhèwèké sesuai karo tumindaké marang wong liya,+ balesen kuwi nganti ping loroné.+ Isinen gelasé+ nganggo minuman ping loro luwih akèh timbang minuman sing dhèwèké gawé.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim