-
Wilangan 11:31-34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Terus, Yéhuwah nyebabké ana angin banter saka laut nggawa manuk-manuk puyuh ing perkémahan. Angin kuwi nggawé manuk-manuk kuwi padha tiba ing sak ubengé perkémahan,+ adohé kira-kira nganti sedina perjalanan ing arah sing siji lan sedina perjalanan ing arah sing sijiné manèh. Manuk-manuk kuwi numpuk-numpuk nganti dhuwuré kira-kira rong hasta* saka lemah. 32 Mula, wong Israèl terus nglumpukké manuk-manuk kuwi sedina sewengi lan sésuké ya sedina muput manèh. Saben wong nglumpukké paling sithik sepuluh homèr,* lan kuwi dipépé ing lemah ing sak ubengé perkémahan. 33 Ning, sakdurungé wong Israèl rampung mangan daging kuwi, Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi. Terus, Yéhuwah ngukum wong-wong kuwi nganggo wabah penyakit.+
34 Mula, panggonan kuwi dijenengi Kibrot-hataawa,*+ merga ing kono wong-wong padha ngubur wong-wong rakus kuwi.+
-