PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 4:34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Apa Gusti Allah tau milih bangsa siji saka antarané bangsa-bangsa liya bèn dadi duwèké? Apa Dhèwèké tau perang,+ mènèhi hukuman, tumindak sing nggawé wong-wong wedi,+ nggawé mukjijat,+ nduduhké kuwasa sing gedhé,+ lan nduduhké kekuwatan bèn isa ndadèkké bangsa kuwi dadi duwèké kaya sing ditindakké Yéhuwah Gusti Allahmu ing Mesir ing ngarepmu?

  • Néhémia 9:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, Njenengan mènèhi tandha lan mukjijat kanggo ngukum Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh rakyaté,+ merga Njenengan ngerti nèk wong-wong kuwi padha nindhes+ umaté Njenengan. Njenengan nggawé jenengé Njenengan dikenal nganti saiki.+

  • Mazmur 105:27-36
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Musa lan Harun nggawé mukjijat ing ngarepé wong-wong kuwi,*

      Mukjijaté Gusti Allah ing tanah Ham.+

      28 Gusti Allah nggawé Mesir dadi peteng.+

      Wong loro kuwi manut karo omongané Gusti Allah.

      29 Dhèwèké nggawé banyu dadi getih

      Lan matèni iwak-iwak ing kono.+

      30 Tanah kuwi diserbu kodhok,+

      Malah tekan omahé raja.

      31 Dhèwèké ngongkon laler* lan nyamuk

      Nyerbu kabèh dhaérah ing tanah kuwi.+

      32 Dhèwèké nggawé udan ès ing tanah kuwi

      Lan nggawé kilat* nyamber ing tanah kuwi.+

      33 Dhèwèké ngrusak wit anggur lan wit ara

      Lan ngambrukké wit-wit ing dhaérah kuwi.

      34 Dhèwèké ngongkon walang nyerbu dhaérah kuwi,

      Yaiku walang enom sing akèh banget jumlahé.+

      35 Walang-walang kuwi mangan kabèh tanduran ing tanah kuwi

      Lan ngentèkké hasil panèné wong-wong kuwi.

      36 Dhèwèké matèni kabèh anak pertama ing tanah kuwi,+

      Anak sing nomer siji.*

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim