PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 31:16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Ora suwé manèh kowé bakal mati, lan bangsa iki bakal ora setya karo aku lan bakal nyembah allah-allah liya sing ana ing tanah sing bakal ditekani wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi bakal ninggalké Aku+ lan nglanggar perjanjian sing Tak gawé karo wong-wong kuwi.+

  • Pangandharing Torèt 32:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Sakwisé Yésyurun* dadi lemu, dhèwèké nendhang lan mbrontak.

      (Kowé dadi lemu, gendhut, lan gembrot.)+

      Terus dhèwèké ninggalké Gusti Allah, sing wis nyiptakké dhèwèké,+

      Lan ngrèmèhké Gunung Watu sing isa nylametké dhèwèké.

  • Para Hakim 2:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Mula, wong Israèl nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah lan nglayani* déwa-déwa Baal.+

  • 2 Samuèl 20:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Ana wong lanang Bènyamin sing seneng nggawé masalah, jenengé Syéba+ anaké Bikhri.+ Dhèwèké nyebul trompèt* lan kandha, ”Awaké dhéwé ora nduwé urusan karo Daud. Awaké dhéwé ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai+ kuwi bèn dipèk dhéwé. Hé wong Israèl,+ kowé kudu nyembah allahmu* dhéwé-dhéwé.”

  • Néhémia 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim