-
2 Babad 36:17-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Mula, Gusti Allah nggawé rajané wong Khaldéa+ nglawan wong-wong kuwi. Raja kuwi matèni cah-cah enom nganggo pedhang+ ing panggonan suci.+ Raja kuwi ora mesakké karo cah lanang utawa cah wédok, sing tuwa utawa sing lara.+ Kabèh diserahké marang raja kuwi.+ 18 Kabèh peralatan ing omahé Gusti Allah sing bener, sing cilik lan sing gedhé, karo harta ing omahé Yéhuwah lan harta duwèké raja lan duwèké para pejabaté, kabèh digawa menyang Babilon.+ 19 Dhèwèké ngobong omahé Gusti Allah sing bener,+ ngrubuhké témbok Yérusalèm,+ ngobong kabèh menara sing ana bèntèngé, lan nyingkirké kabèh sing berharga.+
-
-
Yérémia 52:13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Dhèwèké ngobong omahé Yéhuwah,+ istanané raja, lan kabèh omah ing Yérusalèm. Dhèwèké ya ngobong kabèh omah gedhé ing kutha kuwi.
-