-
Pangentasan 23:30Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
30 Aku bakal ngusir wong-wong kuwi sithik-sithik, nganti jumlahmu akèh lan ngebaki tanah kuwi.+
-
-
Yosua 24:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Sakdurungé kowé teka, Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ora semangat,* lan kuwi nggawé mungsuh-mungsuhmu mlayu saka ngarepmu+ kaya sing dialami loro rajané wong Amori. Kuwi dudu merga pedhang utawa busur panahmu.+ 13 Ya ngono kuwi Aku mènèhi kowé tanah sing mbok duwèni tanpa rekasa dhisik lan mènèhi kowé kutha-kutha sing ora mbok bangun,+ terus kowé manggon ing kono. Kowé mangan hasil saka kebon anggur lan kebon zaitun sing ora mbok tandur.’+
-
-
1 Para Raja 4:25Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 Saksuwéné pamréntahané Salomo, saben wong Yéhuda lan Israèl aman manggon ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé-dhéwé, saka Dan nganti tekan Béèr-syéba.
-