-
Pangentasan 1:8-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus ana raja anyar ing Mesir, sing ora ngerti apa-apa soal Yusuf. 9 Raja kuwi ngomong karo rakyaté, ”Wong Israèl luwih akèh lan luwih kuwat timbang awaké dhéwé.+ 10 Ayo nggolèk cara bèn wong-wong kuwi ora tambah akèh. Nèk ora, wektu ana perang, wong-wong kuwi bakal mbantu mungsuhé awaké dhéwé lan nyerang awaké dhéwé, terus wong-wong kuwi ninggalké tanah iki.”
-
-
Èster 3:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Haman wis dikandhani nèk Mordekai kuwi wong Yahudi, mula dhèwèké ora gelem nèk mung matèni Mordekai. Dadi, Haman mulai ngupaya matèni kabèh wong Yahudi sing manggon ing kabèh dhaérah kerajaané Ahaswéros, yaiku kabèh wong sing sak bangsa karo Mordekai.
-