Pangentasan 6:3 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar 3 Mbiyèn Aku kerep nduduhké marang Abraham, Ishak, lan Yakub nèk Aku iki Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ Ning, Aku ora ngandhani wong-wong kuwi sing lengkap soal jeneng-Ku+ Yéhuwah.*+ Mazmur 68:4 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar 4 Ayo nyanyi kanggo Gusti Allah. Ayo nyanyi lagu pujian* kanggo jenengé.+ Ayo nyanyi kanggo Gusti Allah sing ngliwati padhang pasir.* Yah* kuwi jenengé.+ Awaké dhéwé kudu ngrasa seneng ing ngarepé. Yésaya 42:8 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar 8 Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku. Mung Aku thok sing kudu diluhurké, dudu allah liya.* Mung Aku thok sing kudu dipuji, dudu patung-patung.+ Yésaya 54:5 Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar 5 ”Sing Nyiptakké*+ kowé bakal dadi kaya bojomu.*+ Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan. Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci kuwi Sing Nebus kowé.+ Dhèwèké bakal disebut Gusti Allah sing nguwasani bumi.+
3 Mbiyèn Aku kerep nduduhké marang Abraham, Ishak, lan Yakub nèk Aku iki Gusti Allah sing Mahakuwasa.+ Ning, Aku ora ngandhani wong-wong kuwi sing lengkap soal jeneng-Ku+ Yéhuwah.*+
4 Ayo nyanyi kanggo Gusti Allah. Ayo nyanyi lagu pujian* kanggo jenengé.+ Ayo nyanyi kanggo Gusti Allah sing ngliwati padhang pasir.* Yah* kuwi jenengé.+ Awaké dhéwé kudu ngrasa seneng ing ngarepé.
8 Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku. Mung Aku thok sing kudu diluhurké, dudu allah liya.* Mung Aku thok sing kudu dipuji, dudu patung-patung.+
5 ”Sing Nyiptakké*+ kowé bakal dadi kaya bojomu.*+ Jenengé yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan. Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci kuwi Sing Nebus kowé.+ Dhèwèké bakal disebut Gusti Allah sing nguwasani bumi.+