-
Mazmur 37:35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Aku wis tau ndelok wong sing kejem lan jahat saya makmur,
Kaya wit sing rimbun ing tanah sing subur.+
-
-
Mazmur 37:38Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
38 Tapi wong sing nglanggar hukumé Gusti Allah bakal disingkirké.
Wong sing jahat bakal dipatèni.+
-
-
Yérémia 12:1-3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Oh Yéhuwah,+ Njenengan mesthi adil wektu aku sambat lan ngomong soal keadilan marang Njenengan.
Ning, ngapa kok wong jahat mesthi suksès?+ Ngapa kok para pengkhianat kepénak uripé?
2 Wong-wong kuwi Njenengan tandur, terus padha ngetokké akar,
Padha thukul, lan ngetokké buah.
Wong-wong kuwi kerep ngomong soal Njenengan, ning ing njero atiné,* wong-wong kuwi ora perduli karo Njenengan.+
3 Tapi Yéhuwah, Njenengan kenal banget karo aku+ lan ndelok aku.
Njenengan mriksa atiku lan ngerti nèk aku ngabdi marang Njenengan.+
Pisahna wong-wong kuwi kaya domba sing arep dibelèh,
Sing disimpen nganti tekan dinané kanggo mbelèh.
-