PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yosua 9:18-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Ning, wong Israèl ora matèni wong-wong kuwi merga para pemimpin Israèl wis sumpah marang wong-wong kuwi demi jenengé Yéhuwah+ Gusti Allahé Israèl. Mula, bangsa Israèl padha protès karo para pemimpin kuwi. 19 Kabèh pemimpin kuwi kandha marang bangsa Israèl, ”Aku wis sumpah demi jenengé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, mula awaké dhéwé ora éntuk matèni wong-wong kuwi. 20 Dadi saiki ngéné waé, wong-wong kuwi ora usah dipatèni bèn Gusti Allah ora nesu karo awaké dhéwé, merga awaké dhéwé wis sumpah marang wong-wong kuwi.”+

  • Para Hakim 11:34, 35
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 34 Akhiré, Yéfta bali menyang omahé ing Mizpa.+ Jebulé, anaké wédok sing metu nemoni Yéfta karo main rebana lan nari. Cah wédok kuwi anaké siji-sijiné. Sakliyané cah wédok kuwi, Yéfta ora nduwé anak lanang utawa anak wédok liyané. 35 Pas weruh anaké wédok, Yéfta nyuwèk klambiné lan kandha, ”Adhuh, Ndhuk! Remuk atiku merga kowé. Sebab kowé sing kudu tak kongkon lunga saka kéné. Aku wis sumpah* marang Yéhuwah lan ora isa tak batalké.”+

  • Mazmur 50:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wènèhna korban marang Gusti Allah,+ yaiku ucapan syukur,

      Lan kowé kudu nepati janjimu marang Sing Mahaluhur.+

  • Matius 5:33
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 33 ”Kowé wis krungu apa sing diomongké marang wong-wong jaman mbiyèn, ’Aja sumpah, ning ora nglakoni.+ Janjimu marang Yéhuwah* kudu mbok tepati.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim