-
Yésaya 10:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 Cilaka wong sing nggawé hukum sing ora adil,+
Sing terus-terusan nggawé peraturan sing nindhes rakyat.
-
-
Danièl 6:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Para pejabat kerajaan, penguasa dhaérah, wakilé Raja, pejabat tinggi kerajaan, lan gubernur sepakat nggawé keputusan lan larangan iki: Saksuwéné 30 dina, ora ana sing éntuk ndonga njaluk apa-apa marang déwa utawa manungsa, kecuali marang njenengan, oh Raja. Wong sing nglanggar préntah kuwi kudu diuncalké ing guwa* singa.+
-
-
Kisah 5:27, 28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 Terus, para rasul digawa ngadhep Sanhèdrin lan ditakon-takoni karo imam agung. 28 Imam agung kandha, ”Kowé kan wis tak préntahké supaya ora mulang nganggo jeneng kuwi,* ta?+ Ning, kowé malah wis nyebarké ajaranmu nganti sak Yérusalèm ngerti kabèh. Kowé mesthi péngin bèn aku disalahké wong-wong merga matiné wong kuwi.”+
-