25 Ora mungkin Njenengan matèni wong bener bareng karo wong jahat. Ora mungkin wong bener ngalami sing padha karo sing dialami wong jahat.+ Njenengan ora mungkin kaya ngono.+ Apa mungkin Hakimé bumi tumindak ora adil?”+
31 Sebab, Dhèwèké wis nentokké dina kanggo ngadili+ penduduk bumi liwat salah siji wong sing wis dipilih. Dhèwèké wis nguripké manèh wong kuwi,+ lan kuwi ditindakké kanggo mbuktèkké marang kabèh wong nèk dina kuwi bener-bener bakal kelakon.”
7 Merga préntah sing padha saka Gusti Allah, langit lan bumi sing saiki ana bakal dihancurké nganggo geni. Langit lan bumi bakal tetep ana nganti dina pengadilan lan dina kanggo nyingkirké wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah.+