-
Purwaning Dumadi 15:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Terus, Gusti Allah kandha marang Abram, ”Kowé kudu ngerti nèk keturunanmu* bakal dadi wong asing ing negara liya, lan wong-wong kuwi bakal dadi budhak lan ditindhes 400 taun suwéné.+ 14 Ning, Aku bakal ngukum bangsa sing ndadèkké wong-wong kuwi budhak,+ lan keturunanmu bakal metu karo nggawa harta sing akèh.+
-
-
Pangentasan 3:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Kowé bakal njarah wong Mesir. Saben wong wédok Israèl kudu njaluk klambi lan barang-barang saka pérak lan emas saka tanggané lan wong wédok Mesir sing manggon ing omahé. Klambi-klambi kuwi kudu dianggokké ing anak-anakmu lanang lan wédok.”+
-